Haleluya! Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku, ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.
2
Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.
3
Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.
4
Kaelokane wus didadekake pangeling-eling; Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.
5
Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.
6
Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate, padha diparingi tanah pusakane para bangsa.
7
Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku padha kena diugemi,
8
salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake kalawan bener lan jujur.
9
Umate pinaringan pangentasan, Gusti Allah dhawuh supaya prajanjiane iku kanggo ing salawas-lawase, asmane iku suci sarta nggegirisi.
10
Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.