Psa 112

? AI
1
Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,
2
anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi,
3
omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.
4
Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.
5
Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,
6
sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,
7
ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,
8
atine santosa, ora kadunungan wedi, temah nganggep remeh marang para satrune.
9
Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.
10
Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform