Psa 114

? AI
1
Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir, nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,
2
nuli Yahuda dadi papan pasucene, Israel dadi wewengkoning pangwaose.
3
Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur,
4
gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.
5
He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,
6
he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang? He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?
7
Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran, ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub,
8
kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos dadi sendhang.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform