1 Haleluya! He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.
2 Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna, ing saiki lan ing salawase.
3 Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;
4 Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa, kamulyane ngungkuli langit.
5 Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita, kang dedalem ing ngaluhur,
6 kang ngesorake sarira prelu nguningani, swarga lan bumi?
7 Wong asor dijunjung saka ing lebu lan wong mlarat dientas saka ing blethokan,
8 kalungguhake awor lan para panggedhe, awor lan para panggedhe bangsane.
9 Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!