1 Kidung jiyarah. Mripatku tumenga marang gunung-gunung; pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?
2 Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.
3 Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran, kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.
4 Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk lan ora sare.
5 Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.
6 Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan, utawa rembulan ing wayah bengi.
7 Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa.
8 Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu, wiwit ing samengko tumeka ing delahan.