Psa 122

? AI
1
Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.”
2
Saiki sikilku padha tumapak ana ing gapuramu, he Yerusalem.
3
He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet,
4
kang kaunggahan dening para taler, yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah, prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel.
5
Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan, dhampare trahe Prabu Dawud.
6
Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.
7
Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu, lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.”
8
Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”
9
Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform