1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, -- dikaya mangkono pangucape Israel, --
2 yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3 kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan, nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4 kita banjur kentir ing banyu, aku wus padha kleleb ana ing kali;
5 ilining banyu kang luber kang molak-malik iku wus nasabi kita.
6 Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita dadi mangsane untune wong-wong mau!
7 Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk, kang oncat saka jirete wong mikat, rantas jirete, kita nuli oncat.
8 Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.