Psa 125

? AI
1
Kidung jiyarah. Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, iku padha kaya gunung Sion kang ora obah-obah, kang tetep ing salawase.
2
Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase.
3
Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala.
4
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.
5
Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform