Kidung jiyarah. Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion, kaanan kita kaya wong ngimpi.
2
Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu, lan ilat kita kebak giyak-giyak. Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene: “Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”
3
Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita, mulane kita padha bungah.
4
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mulihaken kawontenan kawula, kados pulihipun lepen asat wonten ing Tanah Negeb!
5
Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak.
6
Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji, mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.