Psa 128

? AI
1
Kidung jiyarah. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.
2
Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu!
3
Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur ana ing jerone omahmu; lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun kang ngupengi mejamu.
4
Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.
5
Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion, sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,
6
sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu! Tentrem rahayu anaa ing Israel!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform