1 Kidung jiyarah. Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, -- kareben Israel ngucap mangkono --
2 banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, ewadene padha ora bisa ngalahake aku.
3 Wong mluku, mluku ana ing gegerku, alurane waluku didawakake.
4 Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti dhadhunge wong duraka.
5 Sakehe wong kang sengit marang Sion bakal padha kawirangan lan bakal mundur.
6 Padha kaya suket ing payon, kang alum sadurunge dibedhol,
7 kang ora digegem dening tangane wong ngarit, utawa dirakupi dening kang mbenteli,
8 satemah wong kang padha liwat ora ngucap: “Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh! Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!”