Psa 136

? AI
1
Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik! awit langgeng sih-kadarmane.
2
Padha saosa puji marang Allahe para allah, awit langgeng sih-kadarmane.
3
Padha saosa puji marang Gustine para gusti, awit langgeng sih-kadarmane.
4
Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane.
5
Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan, awit langgeng sih-kadarmane.
6
Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu, awit langgeng sih-kadarmane.
7
Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit, awit langgeng sih-kadarmane.
8
Srengenge kang mengku raina, awit langgeng sih-kadarmane.
9
Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi, awit langgeng sih-kadarmane.
10
Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane.
11
Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane.
12
Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane.
13
Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane.
14
Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane.
15
Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane.
16
Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane.
17
Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe, awit langgeng sih-kadarmane.
18
Para ratu kang mulya padha dipateni, awit langgeng sih-kadarmane.
19
Sihon, ratune bangsa Amori, awit langgeng sih-kadarmane.
20
Lan Og, ratu ing Basyan, awit langgeng sih-kadarmane.
21
Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane.
22
Dadi pusakane Israel, abdine, awit langgeng sih-kadarmane.
23
Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmane.
24
Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita, awit langgeng sih-kadarmane.
25
Apadene paring pangan marang sakehing makhluk, awit langgeng sih-kadarmane.
26
Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform