Psa 137

? AI
1
Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nanging, manawa kelingan kutha Sion.
2
Clempungku padha dakcanthelake ana ing wit gandarusa ing kono.
3
Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita, njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan, lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan: “Aku padha kidungna kidunge Sion.”
4
Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah ana ing nagara ngamanca?
5
Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem, garinga tanganku tengen!
6
Ilatku kraketa ing cethak, manawa aku ora tetap eling marang kowe, sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake musthikaning kabungahanku?
7
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom, ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap: “Gempuren, gempuren tekan talese pisan!”
8
He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya, rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe, tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!
9
Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu, banjur padha dibantingi ana ing parang.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform