Psa 138

? AI
1
Anggitane Prabu Dawud. Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah, wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.
2
Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci, saha memuji dhumateng asma Paduka, awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka, dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.
3
Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula, Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.
4
Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka, awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka;
5
sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah, awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.
6
Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor, sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.
7
Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.
8
Yehuwah badhe ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula! Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika langgeng ing salaminipun. Paduka mugi sampun ngantos nilar pakaryaning asta Paduka.
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform