Psa 149

? AI
1
Haleluya! Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah! Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.
2
Bangsa Israel cikben bungah-bungah awit saka Gusti Allah, kang nitahake, para anake Sion kareben padha asurak-surak awit saka ratune.
3
Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan, sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,
4
awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.
5
Para wong mursid kareben padha sukarena sajroning kamulyan, padha surak-surak ana ing paturone.
6
Kidung panggunggung marang Allah kareben ana ing gorokane, sarta tangane kareben padha sikep pedhang kang landhep kiwa-tengen,
7
kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa,
8
kanggo mblenggu para ratune kalawan rante, lan para panggedhene kalawan blenggu wesi,
9
kanggo matrapi paukuman marang wong-wong iku kaya kang wus katulisan. Iku kamulyane sakehing para kang dikasihi. Haleluya!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform