Psa 150

? AI
1
Haleluya! Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene! Padha saosa puji marang Panjenengane ana ing cakrawalane kang santosa!
2
Padha saosa puji marang Panjenengane marga saka sakehing kakiyatane, padha saosa puji marang Panjenengane marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati!
3
Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning kalasangka. Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi clempung lan slukat!
4
Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!
5
Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang kumencring, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi kecer kang gumenjreng!
6
Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Haleluya!
Global Bible Tools - Collaborative Bible translation platform